Dataset Viewer
title
stringlengths 10
39
| year
stringclasses 37
values | vocalist
stringlengths 0
20
| composer
stringlengths 0
26
| lyrics
stringlengths 250
1.61k
|
|---|---|---|---|---|
Lagu Wong Ireng
|
2015
|
Yusiana Dewi
|
Maman Yusuf
|
Bli bisa ilang tetep bae kebayang
Mangan bli ngeli turu bli bisa lali
Ati gelisah bli betah meneng ning umah
Kaya kedeleng wong ireng sing gawe puyeng
Padahal nembeke kenalan olih seminggu
Perasaan ati kaya wis olih sewindu
Rasa bli tahan pengene slalu barengan
Apa mengkenen wong lagi mabok kepayang
Wedang putih kopi pahit
Dibuang tengah welukon
Suka mati dadi mayit
Tenimbang ora kelakon
Bonteng timun bonteng suri
Ireng-ireng ayam cemani
Ati nglamun bli mari-mari
Wong ireng gawe ngedani
|
Lirik 1000 Ampun
|
Ros Indrasari
|
Yoyo Suwaryo
|
Ampun seribu ampun
Bokat ora mengkenen
Getun duh aduh getun
Mending kekasih bengen
Memang ning rupane bagus sing kien
Tapi ning wateke oh mengkelaken
Memang ning omonge manis kaya madu
Tapi ning buktine bohong melulu
Ampun seribu ampun
Bokat ora mengkenen
Kekasih pertama sing kula cinta
Bli duwe harta rupa sederhana
Deweke sayang
Eman ning kula
Bli ilok nyakiti
Bli ilok lelara
Tapi akhire sampe pisahan
Bli kuat kenang godaan
|
|
Lirik ABG Tua
|
2008
|
Diana Sastra
|
Pendi Gondrong
|
ABG tua ABG lagi bergaya
Kelalen usia ngakue masih remaja
Pasang aksi pasang gaya
Bli mikir putu wis lima
ABG tua bli ngaca..
ABG tua..
ABG kolot yen ndeleng wadon montok
Ora perduli najan isi dompet entok
Pasang aksi pasang gaya
Bli mikir putu wis lima
ABG tua bli ngaca..
ABG tua..
Ngandelaken dompet kandel
Hobine bodi sing muntel
Lamun ndeleng wadon prigel
Kukur endas ora gatel
Bli isin untu wis copot
Kulit kendo pipi kempot
Bli wirang kulit wis ngluntung
Tinggal kulit karo balung..
ABG tua..
ABG tua..
ABG tua ABG lagi bergaya
Kelalen usia ngakue masih remaja
Pasang aksi pasang gaya
Bli mikir putu wis lima
ABG tua bli ngaca..
ABG tua..
Ngandelaken dompet kandel
Hobine bodi sing muntel
Lamun ndeleng wadon prigel
Kukur endas ora gatel
Bli isin untu wis copot
Kulit kendo pipi kempot
Bli wirang kulit wis ngluntung
Tinggal kulit karo balung..
ABG tua..
ABG tua..
ABG tua ABG lagi bergaya
Kelalen usia ngakue masih remaja
Pasang aksi pasang gaya
Bli mikir putu wis lima
ABG tua bli ngaca..
ABG tua..
|
Lirik Abot Demene
|
2019
|
Dian Anic
|
Ayip Rafansyah
|
Najan kakang ning endi anane
Ora ilang wis abot demene
Bli kuat nahan kangene
Nunggu kakang kapan tekane
Cinta kula wis nempel ning raga
Sampe kapan ora bakal sirna
Rindu bli bisa ditunda
Katon be kaya ning mata
Kaya ganggu pikiran
Curiga nguras ning badan
Sing watire gagal demenan
Demen durung ketunggon
Rasane kaya ketuwon
Bayangane selalu katon
Cinta kula wis nempel ning raga
Sampe kapan ora bakal sirna
Rindu bli bisa ditunda
Katon be kaya ning mata
Kaya ganggu pikiran
Curiga nguras ning badan
Sing watire gagal demenan
Demen durung ketunggon
Rasane kaya ketuwon
Bayangane selalu katon
Najan kakang ning endi anane
Ora ilang wis abot demene
Bli kuat nahan kangene
Nunggu kakang kapan tekane
Cinta kula wis nempel ning raga
Sampe kapan ora bakal sirna
Rindu bli bisa di tunda
Katon bae kaya ning mata
|
Lirik Abot Ning Batur
|
2020
|
Engkus Bondol
|
Engkus Bondol
|
Mung bisane mandeng
Najan kakange demen
Mung bisa ndemeni
Bli mungkin nduweni
Sebab kien sira deke batur kita
Bli mungkin tega sun rebut cinta
Pengen maju wirang
Watir dadi perang
Demen ning hayalan
Mung sebelah tangan
Tipise harapan abot bebaturan
Masa pager arep mangan tanduran
Abot ning batur sing seuyunan
Ora mungkin kita dadi penghalang
Najan demen kita wis bagen ngalah
Asal bisa ndeleng sira bahagia
|
Lirik Abot Ning Sabare
|
2019
|
Kanda Wijaya
|
Adi Kamsek
|
Manis gemuyune..
Lan maning murah senyume
Dadi kelingan bae
Duh tobat lesung pipine
Bersih putih kulite
Sopan tutur basane
Gawe kedanan bae
Duh abot ning sabare
Ati seneng bahagia
Dipaih sorga dunia
Najan akeh rintangan
Wong loro tetep bertahan
Sing penting saling percaya
Bli mikir pihak ketiga
Tukaran karo mertua
Tapi senok tetep setia
Rantang wadahe pare
Kakang abot ning sabare
|
Lirik Acuh Tapi Butuh
|
2024
|
Egy KD
|
Maming S.
|
Hello sayang, pura pura bli kenal
Hello sayang, pura pura bli wawuh
Sombonge, disapa malah semenggu
Wis kenal, kok pura pura acuh
Ah masa, oh pura pura kelalen
Padahal, kenal sing awit bengen
Sombonge, kadiran bagus rupane
Saban wadon, idih diladeni kabeh
Apasih... ora kelingan...
Padahal lawas hubungan
Sombonge...luar biasa...
Mentang-mentang wis bahagia.
Bli kuat nyawange...
Yen deleng tingkahe...
Sekien..akeh lewane...
Wis sugih bli ngaku...
Disapa semenggu...
Padahal acuh tapi butuh...
|
Lirik Adoh Adohan
|
2020
|
Ali Gangga
|
Kuwu Aan
|
/
Ali Gangga
Kebayang-bayang ning mata
Kelangan karo sing ana ning kana
Hubungan cinta adoh-adohan
Kehalang kontrak ning perantauan
Mung cuma pideokolan
Yen lagi pengen kangen-kangenan
Senajan cuma mung bisa nyawang
Tapi ning ati wis seneng pisan
Kangen... duh rasane kangen
Bli sabar wis pengen ketunggon bareng
Rindu.. duh rasane rindu
Wis lawas jamane ora ketemu
Mung cuma pideokolan
Yen lagi pengen kangen-kangenan
Senajan cuma mung bisa nyawang
Tapi ning ati wis seneng pisan
Kangen... duh rasane kangen
Bli sabar wis pengen ketunggon bareng
Rindu...duh rasane rindu
Wis lawas jamane ora ketemu
Mung cuma pideokolan
Yen lagi pengen kangen-kangenan
Senajan cuma mung bisa nyawang
Tapi ning ati wis seneng pisan
|
Lirik Aja Bohong
|
2002
|
Yoyo Suwaryo
|
Yoyo Suwaryo
|
Kula takon jawab poma aja bohong
Terus-terang mumpung lagi sepi uwong
Priwen maksude priwen karepe
Wong duwe rabi ngakue bujangan bae
Memang bener kakang ngrasa salah
Duwe istri kakang ngakue perjaka
Cinta ning istri krana wongtua
Cinta ning nok sri mas yoyo sepenuh jiwa
Priwen yen ninggal kula tentune ora beda
Los mana gage lunga kula wis ora suka
Cukup kula sing korban gara-gara sampean
Mampan terang-terangan
Ngomong ora bohongan
Nok sri aja isin
Mas yoyo pasti ngawin
Nok sri aja ketuwon
Wong loro pasti ketunggon
|
Lirik Aja Boral Boral
|
2023
|
Ratna Sari
|
Didin S.
|
Aja boral boral ning wong wadon lian
Aja dumeh akeh pekaya
Aja dumeh adoh sing kula
Sadar diri yen wis duwe anak rabi
Ning jaman saiki kudu ati-ati
Akeh wadon luruh materi
Sering ganggu wong duwe rabi
Bagen tua sing penting sugih pekaya
Aja gampang kerayu
Ning rai sing lunyu
Sing modale dolanan cinta palsu
Najan kula ala tapine setia
Ora pernah ngianat ning cinta
Melas ning larane
Eman ning warase
Enak blenak bareng-bareng nglakonane
|
Lirik Aja Cemburu
|
2024
|
Ayu Karlina
|
Ali Gangga
|
Kakang aja cemburu
Wis aja ilok nafsu
Kula aja diganggu
Kula cuma masa lalu
Kula wis dadi mantan
Aja dilarang-larang
Kita wis masing-masing
Wis langka urusan maning...
Kakang aja cemburu...
Bengen kita demenan
Sekien uwis bubaran
Status kula kan sampean
Sekien wis dadi mantan
Kakang aja kepo bae
Aja cemburu bae
Wis langka kaitane
Kula mung cuma mantane
|
Lirik Aja Cemburuan
|
2016
|
John Liuno
|
John Liuno
|
Melu bae nok
Yu melu bae
Daripada nok
Nok sewot bae
Sekloyonge kakang senok curigaan
Selungae kakang senok cemburuan
Saling setia kudu percaya
Wis aja mikir sing ora-ora
Yen sayang ning kakang
Nerima ning kakang
Senok sing percaya
Percaya kakang
Wongayu sayang aja cemburuan
Coba mikir postif
Amber atine tenang
Lamon mikire negatif
Gawe nyiksa ning badan
Senok sing kakang sayang
Aja watir lan melang
Cinta kasih sayang kakang
Cuma anggo senok sayang
Kakange dudu si hidung belang
Mung cuma senok ning ati kakang
Saling setia kudu percaya
Wis aja mikir sing ora-ora
Yen sayang ning kakang
Nerima ning kakang
Senok sing percaya
Percaya kakang
Wongayu sayang aja cemburuan
Coba mikir postif
Amber atine tenang
Lamon mikire negatif
Gawe nyiksa ning badan
Senok sing kakang sayang
Aja watir lan melang
Cinta kasih sayang kakang
Cuma anggo senok sayang
Kakange dudu si hidung belang
Mung cuma senok ning ati kakang
Melu bae nok
Yu melu bae
Daripada nok
Nok sewot bae
Sekloyonge kakang senok curigaan
Selungae kakang senok cemburuan
Saling setia kudu percaya
Wis aja mikir sing ora-ora
Yen sayang ning kakang
Nerima ning kakang
Senok sing percaya
Percaya kakang
Wongayu sayang aja cemburuan
|
Lirik Aja Dawa Dawa
|
2022
|
Aam Ayu Aginah
|
Ardian
|
Wis aja digetuni
Bli perlu ditangisi
Wis cukup semene bae
Mungkin bli dawa jodone
Aja dawa-dawa lara
Aja nambah-nambah dosa
Wong rumah tangga
Bli kudu sampe tua
Aja dawa-dawa lara
Sun wis usaha mertahanna
Rumah tangga aja sampe
Senajan lara isun nerima
Demi bocah isun ngalah
Kakang cemburu selalu curiga
Sun selingkuh mbari lanang liyan
Senajan bukti langka
Kakang selalu nuduh kula
Sabar cukup sabare
Cemburu laka uwise
Tulung aja suwe-suwe
Pegatan bae
|
Lirik Aja Demenan Dikit
|
2023
|
Dewi Kirana
|
Lee Hien
|
Aja demenan dikit
Mending fokus luruh duwit
Nikmati masa-masa muda
Gawe bahagia wong tua
Aja sampe gawe wongtua kecewa
Ning ati wis tek niati
Pengen ngejar ning ngimpi
Bli pengen kenal ning demenan
Jodo wis diatur pengeran
Dudu saking sombong lan jual mahal
Aja demenan dikit
Mader bener kanggo dirine dewek
Mader pinter kanggo dirine dewek
Wongtua wajib ngelingaken
Aja sampe mbesuk mengone nyesel
Kita pengen gawe wongtua banggsa
Aja sampe nemu dalan sing salah
Mending aja demenan dikit
Karna patah ati rasane sakit
Muga sing gede milik rejekine
Supaya bangga sing dadi wongtuane
|
Lirik Aja Dolanan Geni
|
2012
|
Nuah Veldiyanti
|
Jun Alfadilah
|
Aja ilok kang dolanan geni
Lamon kakang wedi ning rabi
Kepengene duwe rabi loro
Tali nyali kaya kebo
Kula gelem kang karo sampean
Asal kakang terang-terangan
Aja wanine umpet-umpetan
Kula emong lamon dadi simpenan
Lamon kakang berat ning rabi tua
Kula bagen sing ngalah
Tapi lamon kakang berat ning kula
Tulung aja dibagi dua
Pilih salah siji endi sing diberati
Kula emong cintane dibagi-bagi
|
Lirik Aja Gawe Lara
|
2016
|
Erna Farvisa
|
Tanto Lalapo
|
Kayang kenen rasane
Wong ditinggal demenan
Bli kolu mangan
Inget bae ning sampean
Ati rindu yen bengi bli bisa turu
Langit kesawang mendung
Jagat katone mesum
Duh kekasih ninggal kula tanpa permisi
Tegel pisan sampean ninggal kari
Bengen pernah janji
Ngomong ngawin kula
Ternyata sampean kien ninggal kula
Sekien sampean tega karo kula
Yen wis ora suka aja gawe lara
Kecewa-kecewa sun kecewa
Langit kesawang mendung
Jagat katone mesum
Duh kekasih ninggal kula tanpa permisi
Tegel pisan sampean ninggal kari
Bengen pernah janji
Ngomong ngawin kula
Ternyata sampean kien ninggal kula
Sekien sampean tega karo kula
Yen wis ora suka aja gawe lara
Kecewa-kecewa sun kecewa
Kayang kenen rasane
Wong ditinggal demenan
Bli kolu mangan
Inget bae ning sampean
Ati rindu yen bengi bli bisa turu
|
Lirik Aja Kesuen
|
2022
|
Shelly Rossi
|
Karnata Chandra
|
Ana niat duwe rasa cinta
Tapi watir ora diterima
Rasa isin rumasa wong miskin
Bokat ditolak kaya baridin
Lamon kakang demen ning kula
Aja kesuwen gage nglamara
Kula nrima apa sing ana
Ora pandeng harta lan benda
Nok kakang isin
Bli duwe nggo mas kawin
Boro-boro pasrahan
Klambi siji cuma ning badan
Kang asal yakin
Kula gelem dikawin
Asal sah ning penghulu
Mangan bareng-bareng luruh
Susah seneng bebarengan
Sampe ahire jaman
|
Lirik Aja Lunga Lunga
|
2022
|
M. Fauzan F.
|
Ardian
|
Anane demen karena wis percaya
Anane cinta karena wis setia
Mulane senok aja lunga lunga
Janjine kakang bli bakal sulaya
Anggepen bae kaya angin lalu
Yen ana cerita sing gawe cemburu
Aja sokan buru buru nafsu
Sing percaya senok bli duwe maru
Anane demen karena wis percaya
Senajan lewat si lambe abang
Ora bakal nemen-nemen tek sawang
Karena cuma senok sing tek sayang
Ora bakal ati dadi kegembang
Mugane senok mulai sekien
Aja percaya ning tangga kiwe nengen
|
Lirik Aja Macem Macem
|
2022
|
Arshinta Dewi
|
Zale RM
|
Coba eling-elingna
Salahe sampean
Aja nyalakaken
Kula sing ninggalaken
Bli dianggep penting
Kula ning sampean
Bli perhatian maning
Mentingaken wadonan
Disangka kula bli weruh
Yen sampean uwis selingkuh
Yen kakang karo wong wadon ning jaba
Alarme kula moni ngabari
Aja macem-macem
Kula wis duwe alat deteksi
Alate kula anane ning ati
Krasa yen kakang uwis nylingkuhi
Aja macem-macem
Nalurie rabi luwih weruhi
|
Lirik Aja Melang
|
2005
|
Nunung Alvi
|
Papa Irma
|
Aja melang
Aduh ...kakang sing tek sayang
Duh…aja bimbang
Kula bli bakal kegembang
Bagen sugih, duda gandang
Duh... bli bakal kecangcang
Aja gimir
Aduh ...kakang sing tek sayang
Aja cengar-cengir
Sun bli bakal balik pikir
Kulane bli bakal naksir
Duh... kang aja watir
Wayang kulit, wayang kulit destarata
Duh…samiaji
Kuwayang sakit, kuwayang sakit
Yen wis cinta bli dadi siji
Bungah yuga putra bima gatot gaca
Duh... pringgandani
Pengene manjing swarga
Neraka bareng ngleboni
Aja melang
Aduh ...kakang sing tek sayang
Duh…aja bimbang
Kula bli bakal kegembang
Bagen sugih, duda gandang
Duh... bli bakal kecangcang
Aja gimir
Aduh ...kakang sing tek sayang
Aja cengar-cengir
Sun bli bakal balik pikir
Kulane bli bakal naksir
Duh... kang aja watir
Wayang kulit, wayang kulit destarata
Duh…samiaji
Kuwayang sakit, kuwayang sakit
Yen wis cinta bli dadi siji
Bungah yuga putra bima gatot gaca
Duh... pringgandani
Pengene manjing swarga
Neraka bareng ngleboni
|
Lirik Aja Melu Melu
|
1992
|
Yoyo Suwaryo
|
Yoyo Suwaryo
|
Masih kelingan waktu demenan
Dodoke bareng bisik-bisikan
Rasa sun sedih ora kejagan
Wongtua bli restu hubungan
Kaya bli ngrasa deweke enom
Ning pikirane kok kayang konon
Aja melu-melu ning soal jodoh
Terserah apa jare wong loro
Dasar nasib sing ora utuh
Duwe demenan mung gawe bingung
Tiwas janji lan tiwas sumpah
Tetep blolih kenang wongtua
Sing akhire kula putus asa
Emong demenan emong rumah tangga
|
Lirik Aja Nganti Krungu Tangga
|
2023
|
Sultan Ali
|
Sultan Ali
|
Ya Allah paringana sabar
Akibate wong mayang dikongkon liren
Glagat sepi nggrentes kaya wong kepaten
Bocah cilik pada nangis njaluk duwit
Wong wadone prengat-prengut laka berase
Glagat mendung ora nibakaken udan
Gawe keder gawe pusing ning pikiran
Wulan wingi mayange ora bagenan
Nganggur lawas mumete ora kejagan
Aduh-aduh lara temen
Wong mekaya jamane lagi paila
Arep sambat tulung sapa
Yen wis langka aja nganti krungu tangga
Dedonga karo Kang Maha Kuasa
nJaluk rizki nggo nyukupi anak istri
Yen wong lanang nangise ora ketara
Wayah kerja yen sengsara diumpetna
Rela lara demi mbela keluarga
Sing pentinge rumah tangga bahagia
|
Lirik Aja Nggo Dolanan
|
2023
|
Dian Anic
|
Wa Kancil
|
Luase segara
Katon adoh pinggire
Umpama cintane kula
Durung jelas statuse
Ambane gunung
Bli tepung lamon dirangkul
Padane cintane kakang
Ning senok bli kejugjugan
Lamonan bener
Cinta aja nggo dolanan
Janjine ngawin
Watire cuma bohongan
Yen terus terang
Kakang kuh mati cintane
Langka sejene
Demene ning senok bae
|
Lirik Aja Rewel
|
2002
|
Yoyo Suwaryo
|
Yoyo Suwaryo
|
Wong demen, pancen bli kurang pengalem
Wong sengit, pancen bli kurang penganggit
Ayune, ayune karena cinta
Gantenge, gantenge atine nrima
Bagen jare, batur-batur iku ala
Tapi kula, wong lagi suka lan nrima
Wong sejen, melu kerugian apa
Enak blenak, kader gan kita sing nyangga
Aja rewel aja ngomong
Ning urusane uwong
Badan dewek durung tentu
Ning persoalane batur melu-melu
Sebab cinta, ora katon ning mata
Wong loro, sing bisa ngerasakena
Bagen mangan, karo sega lan uyah
Wong demen, umpama urip ning sorga
|
Lirik Aja Salah Dalan
|
2020
|
Ocholl Dhut
|
Adi Kamsek
|
Senok ning seberang kakang dongakena
Kanggo senok sing tersayang
Muga bahagia.. aja sampe lara
Kakang ora tega
Aja salah dalan
Ning negara seberang
Senok kudu eling
Inget ning keturunan
Aja salah dalan
Ning negara seberang
Senok kudu eling
Inget ning keturunan
Diuji kesabaran
Sing tabah lan kuat iman
Senajan adoh-adohan
Cinta sayang kakang ning parekan
|
Lirik Aja Sampe
|
2024
|
Anik Arnika
|
Lee Hien
|
Aja sampe nyakiti
Aja sampe mbohongi
Aja sampe nglelara
Aja sampe gawe kecewa
Aja sampe sun nangis
Aja sampe sun sedih
Slalu gawe bahagia
Kanggo dirine kula
Aja sampe sipate kaya sang kumbang
Ngisep madu wis wareg ditinggal miyang
Aja sampe sampean ngingkari janji
Ngianati cinta sing suci
Aja sampe sampean dolanan ati
Rasa demene kula bli bakal ganti
Aja sampe nggo cuman pelarian
Krana cinta sun tulus kanggo sampean
|
Lirik Aja Takon
|
2023
|
Dapud Anggara
|
Dapud Anggara
|
Wis aja takon
Sun lungane mendi
Aja ngulati
Sun ana ning endi
Sun nggawa kecewa
Gawa ati sing luka
Kenang tingkahe sira
Ati sun lara
Wis aja takon
Sun lungane mendi
Percuma diterusaken percuma
Yen sira wis mari demen ning kita
Bati nyiksa ati
Bati nyiksa raga
Masih mending lunga
Adoh sing sira
|
Lirik Aja Udud Bae (Bangseng)
|
2023
|
Susy Arzetty
|
Amin Hermawan
|
Kakang rongokena kula arepan kanda
Tulung kang dibuka kupinge sing amba
Mungkin ning jaba mambu wangi nang tangga
Kula sing ngrasa bangseng.. banget sengsara
Aja udud bae arep kapan luwihe
Ngadepi wong nagih marek esuk sore
Lamon bli kenang nukuni udud bae
Kula wis nyandang ora akeh utange
Bli njaluk umah gedong
Gelang kalung gremombyong
mBokat urip dadine sombong
Asal atine bombong
Ora dadi omonge uwong
Coba kakang mikira
Molah apa mbuh apa
Asal aja sing ora-ora
Duwit utang bank slasa
Entok kanggo udude dika
Wis bangseng.. bangseng-bangseng
Banget sengsara
|
Lirik Aja Watir
|
2000
|
Voc. Yoyo Suwaryo
|
Nok wong ayu
aja lok ngomong mengkonon
Kakang ngarti
ning perasaan wong wadon
Gampang sedih
lan gampang ketuwon
Ati ngenes yen
demen ora ketunggon
Terus-terang
dudu kakang bli sayang
Mampan ngerti
kakang due anak rabi
Aja watir
kakang masih bisa mbagi
ning waktu lan
uga ning rejeki
Reff:
Saumpama sing
tua ngomong setuju
Aja watir tek
kawin tapi diwayu
Sing percaya
bli bakal dibeda-beda
Arep adil sing
enom karo sing tua
Kudu sabar lan panarima...
Wadon sabar dadi isine suwarga
|
|
Lirik Aji Mumpung
|
2023
|
Iis Artisah
|
Rhangga EXB
|
Matane manise
Nggo modal rayuane
Wong lanang kaya dika
Akeh pisan polahe
Kadiran sugih dunya
Tinggal milih wadone
Miyang bengi balik esuk
Rambut klimis kumis jebug
Dagang tape dagang pindang
Ora demen ning sampean
Najan duwite segudang
Mending sun urip dewekan
Bli mungkin sun demen.. yen sampean bae
Ora gelem anteng.. mbaturi rabine
Kadiran sampean lagi gede milike
Gonti-ganti wadon aji mumpung lagune
Gawe beban pikiran
Demenan karo sampean
Mending urip dewekan
Karuan akeh sing eman
|
Lirik Aji Rasa
|
2019
|
Kenzhu MH
|
Kenzhu MH
|
Mendung ketutup ning awan putih
Sinar padang wayahe awan
Kita nglakoni puasa lan pati geni
Kanggo njukut sukma ragane sira
Urip ning dunya aja kadiran
Mader cuma mung seliwatan
Kudu duwe sifat perasaan
Ning wong lanang kang bakale dadi imam
Yen seumpama sira digawe lara
Coba rasakena apa sing dirasa
Bli beda pira yen niba ning badan kita
Aduh nyeseke larane bli kira-kira
Mulane gah kita menusa
Kudu duwe sifat aji rasa
|
Lirik Alun Alun Puspa Wangi
|
2024
|
Susy Arzetty
|
Suka Wijaya
|
Rasa getun ning sampean sun bli melu
Nyatane bli kuat sun nahan rindu
Sampe kapan lawas kula kon nunggu
Ning alun-alun puspa wangi Indramayu
Emas cahya dunya sorote wulan
Curhat ati ning sekabehe lintang
Emut ati sun bli bakal kawinan
Yen penganten lanang dudu sampean
Ning alun-alun puspa wangi
Sun ngenteni
Rindune kula digantungaken
Sayange kula disangsangaken
Patung kidang nyakseni
Kula diupahi janji
Kongkon nonggoni
Patung garuda mlengose nengen
Apa bli kerasa sun lagi kangen
Semilir angin cimanuk
Bli bisa gawe ngantuk
Tumekang esuk
Dzikir ning mesjid agung
Muga sun tepung
|
Lirik Amber Kedeleng
|
2024
|
Dawer Jeprat
|
Dawer Jeprat
|
Cungur mancung lambe tipis
Yen senyum katone manis
Apamaning yen jilbaban
Ayune ora kejagan
Barang kerja ning luar negeri
Nganggo jilbab dicopoti
Amber kedelenge seksi
Nganggo clana mung rong senti
Kari nyandang katon wudele
Apa ora isin ning anak lakine
Dasare wong bli mawas diri
Kari nyandang bli ngati-ati
Kita wong timuran
Aja meluan..
Yen nganggo pakean
Kudu rapih lan sopan
|
Lirik Anake Wong Kere
|
2023
|
Ety Danuwarta
|
Warta
|
Nembe pisan pirang dina
Sampean ngawin kula
Disengaja gawe tingkah
Ngomong ngina selewa-lewa
Sun ora sudi dicaci maki
Ngadiraken anake duwe
Wong wadon dianggep sepele
Najan kula anake wong kere
Mong digawe lara atine
Sun ora tahan wis blenak rasane
Wong rumah tangga
Ora kanggo sementara
Pengene wong wadon
Setia tekang tua
Tapi wis percuma
Kula emong diterusna
Nembe pirang dina
Wis wareg nyandang lara
|
Lirik Andon Liwat
|
2023
|
Atun Arfiza
|
Zale RM
|
Cintane sedelat
Mung cuma andon lewat
Ana ning ucape
Nanging laka ning atine
Bengi ngomong sayang
Esuk cintane ilang
Langka perasaan
Kula dianggep cemilan
Mung ngisi waktu luange
Sementara deweke
Putus karo demenane
Cintane mung cuma liwat
Mung cuma tempate curhat
Kula dianggepe stamplat
Yen balikan karo wadone
Kula ditinggal minggat
Cintane mung seliwatan
Mung cuma ngisi kekosongan
Kula wis abot demene
Nanging nyatane
Sampean balik ning wadone
|
Lirik Anggur Putih
|
2021
|
Dody S.
|
Dody S.
|
Si anggur putih dahsyate luar biasa
Tapi durung sepira dibanding maboke kakang ning senok
Sampe kapan sayang
Pikir pusing awak sampe dadi gering
Gara-gara wong demen ora sebanding
Cintane ora diterima demene kepatiwasa
Nahan lara sering ngusap banyu mata
Anggur putih dahsyatae luar biasa
Yen diinum puyenge bli kira-kira
Tapi masih durung sepira
Yen dibanding wong mabok cinta
Rusak jiwa kelalen segala-gala
Luruh obat sampe entok obate
Luruh tamba laka tambane
Dukun sing mandi bli bisa mari
Lamon dudu cuma senok sing ngobati
Rela ilang entok dunya segudang
Daripada bli sida kawinan
Tekad ning ati rela sun mati
Tenimbang bli kelakon dadi siji
|
Lirik Angon Bebek
|
Abdul Ajib
|
Abdul Ajib
|
Iki ceritae wong angon bebek
Sebab kulae ngalami dewek
Cotom amba klambi sowek
Nggiring bebek wek wek wek
Pancene bebek satoan goblog
Kaya bature kang aran entog
Cantok rawog yen bebadog
Majikane kang mupuli endog
Yen ana bebek sing ngendog bli kiyeng
Cucuke tancebaken galeng
Kongkon madal kedereng-dereng
Yen wis puyeng endoge kedeleng
Bebek pangonan rukun uripe
Lanange loro wadone akeh
Kang wadone ngendog kabeh
Senajana loro bebek lanange
|
|
Lirik Anugerah Cinta
|
2023
|
Siti Aliyah
|
Anggi R.
|
Rasa cinta setuluse ati
Kula demene setengah mati
Cuma sampean pujaane ati
Selawase bli bisa terganti
Sekien mung kari tinggal nama
Sing selalu ana ning ati kula
Najan ragane terpisah sing jiwa
Tapi perasaan bli bisa robah
Cuma kanggo dika
Cuma sampean sing gawe bahagia
Cuma sampean sing paling tek cinta
Cuma sampean sing tek arepna
Sampe kula wis nutup mata
Cuma sampean sandarane kula
Cuma sampean sing ngerteni kula
Sampean anugerah cinta terindah
Tapi takdir duwe kuasa
|
Lirik Apa Dosane
|
Titin Maryati
|
Udin Zaen
|
Pira lawase pira jamane
Ditinggal lunga mbuh parane
Apa salahe apa dosane
Tega ninggale langka pamite
Apa salahe..
Kisah kenangan masih kelingan
Susah dibuang tetep kebayang
Bayangan paite dunia tresna
Ibarat layangan putus benange
Duh badan semene rasane
Priwen kabare priwen bejane
Sampe seprene langka tembunge
Pira larane pira wirange
Putus tresnane langka pamite
Apa dosane..
|
|
Lirik Apa Salah
|
2023
|
Amad Baso
|
Yudha Zirone
|
Apa salah kita ngawini sira
Kita sadar badan mung sing tek gawa
Mertua seolah nyengiti ning mantu
Deleng kita kaya ora kolu
Wis terlanjur sega wis dadi bubur
Rumah tangga mertua meli nyampur
Diece dihina tetep sun nerima
Demi keutuhan rumah tangga
Mungkin wiis suratan badan
Urip ora kaberan
Mertua sun bli setuju
Yen kita sing dadi mantu
Mung siji doane kita
Senok gelem setia
mBaturi seneng lan susah
Sampe tua nemu bahagia
|
Lirik Apa Salahe
|
Aas Rolani
|
Udin Zaen
|
Apa salae
Apa dosane
Sampe seprene langka kabare
Pira lawase pira jamane
Tega ninggale langka awite
Apa salae
Kisah kenangan masih kelingan
Susah dibuang tetep kebayang
Bayangan paite dunia tresna
Ibarat layangan putus benange
Duh badan semene rasane
|
|
Lirik Apa sing Dirasa
|
2019
|
Asep Kriwil
|
Zale RM
|
Apa sing dirasa
Sekien wis beda
Apa wis mari demen
Ning kakang kaya wis bli kangen
Lagi nembe dadian
Mlaku gandengan tangan
Kiyen bli gelem nempel
Ngelus rambut tangane ditampel
Apa sing dirasa…
Lamon senok masih kangen ning kakang
Tulung gah nok setor raine pengen pideokolan
Lamon senok nganggep kakang demenan
Nangapa status ning pesbuke durung due demenan
Langka perasaane ning kakang sing dadi demenane
Lagi nembe dadian
Mlaku gandengan tangan
Kiyen bli gelem nempel
Ngelus rambut tangane ditampel
Apa sing dirasa…
Lamon senok masih kangen ning kakang
Tulung gah nok setor raine pengen pideokolan
Lamon senok nganggep kakang demenan
Nangapa status ning pesbuke durung due demenan
Langka perasaane ning kakang sing dadi demenane
Apa sing dirasa
Sekien wis beda
Apa wis mari demen
Ning kakang kaya wis bli kangen
Lagi nembe dadian
Mlaku gandengan tangan
Kiyen bli gelem nempel
Ngelus rambut tangane ditampel
Apa sing dirasa…
|
Lirik Arang Arang Balik
|
2010
|
Yusiana Dewi
|
Papah Itbot
|
Nangapa nembe sekien
Sampean ngomong bli demen
Sawise kula berkorban
Habis manis sepah dibuang
Jarene arepan sayang
Sampe ning akhire jaman
Tapi apa sing terjadi
Gawe tatu ning ati
Bengen waktu urip masih susah
Sampean selalu betah ning umah
Kien nembe seneng setitik
Sampeane wis arang-arang balik
Amit-amit aja sampe ngalami
Duwe laki ning rabi ora ngajeni
Demenane ngurut wulu
Sampe karo rabine tangga gah kolu
|
Lirik Arang Disiram
|
2019
|
Tery Angel
|
Sirin Como
|
Godong garing ana ning tetanduran
Saya suwe kliyang kabur kanginan
Mikiri sampean lawas ning perantauan
Kula ditinggal rasane kesepian
Umpamane kaya kembang ning taman
Disadari arang-arang disiram
Kang kula bli sabar nunggu-nunggu sampean
Wis ora tahan pengen bareng loroan
Pikiran melayang selalu kebayang-bayang
Kangen ning sampean langka ning panggonan
Bengi glantang-gluntung turu atis dewekan
Cuma bantal guling sing dadi sasaran
|
Lirik Arjuna Putih
|
2018
|
Tery Angel
|
Wadi Oon
|
Awan tek puja-puja
Bengi tek puji-puji
Abote nyangga cinta
Sengsara setengah mati
Selumae ning bumi
Sekurebe ning langit
Sing ganteng kakang siji
Lir kaya arjuna putih
Padu liwat katon umahe
Ati kula rasa senenge
Gemeter sekujur badan
Angen-angen ora karuan
Yen ora ketemu karo sampean
|
Lirik Artis TV
|
2022
|
Arsinta Dewi
|
Mamin Kedung
|
Semene mah kang
Bli dibuang-buanga
Jare sampean kula kuh kurang apa
Semene mah kang
Masih pantes disawang
Apa maning yen kulane wis borehan
Ora kalah lan artis India
Malah luwih ayu gah kula
Kula gah kang yen disandangi
Kaya artis ning tipi
Lamon gelang kalung dienggoni
Bli kalah lan syahrini
Mader gah wong wadon ayune
Ya kenang didangdani
Asal siap kudu modali
Dijamin kula gah seksi
|
Lirik Asal Sira Bahagia
|
2023
|
Ali Gangga
|
Ali Gangga
|
Kita bagen ngalah
Asal sira bahagia
Kita bagen mundur
Najan kerasa hancur
Kita mawas diri
Sira wis duwe ganti
Tega ingkar sing janji
Nyeset ning jero ati
Percuma bertahan sun mati harapan
Percuma sun sabar lara ning pikiran
Kesiksa ning ati slalu disakiti
Percuma duwe kekasih yen cintane dibagi
Najan masih demen
Tapi kita wis ora nemen-nemen
Najan masih sayang
Tapi kita wis bli sanggup bertahan
Cinta seduwur mega ketutup kenang lara
Kita sih bagen ngalah asal sira bahagia
|
Lirik Asmara Manggung
|
2023
|
Vellysah
|
Didit Natajaya
|
Asmara manggung
Rindune nggantung
Kula sadar cintane
Bli mungkin tepung
Bli bisa nindak
Nyawel bli kecandak
Kula sadar atine
Terlanjur kejebak
Demen bli kebendung
Cukup demen dewek bae
Supaya awet demene
Karena kula sadar
Atine sampean wis keisi wong lian
Bagen sun sing naro demen
Sampean cukup ngrasakaken
Karena kula sadar ragane sampean
Wis keduwe wong liyan
Asal bisa mandeng
Kula wis seneng
Rumasa wong demen
Bli bisa bareng
|
Lirik Awak Abang
|
2000
|
Tia Permatasari
|
E. Thorikin
|
Kula sih wani taroan
Bagen metu awak abang
Yen kakang sida kawinan
Karo wong wadon simpenan
Wis paham kader biasa
Jaman kien soal cinta
Bisa diobral ning dalan
Entok duite ditendang
Mulane bli tek alangi
mBokat kepengen ngrasani
Kepriwen wong putus cinta
Ditinggal mung karna harta
Wis pirang-pirang contoe
Wong lanang duwe simpenan
Najan ayu kayang apa
Sing eman tetep ning umah
|
Lirik Awet Enom
|
2022
|
Dewi Kirana
|
Zale RM
|
Yen kakang pengen kula ngenomi
Ayu maning kulite kaya bayi
Meneh paien duit nggo perawatan kulit
Pengen rabine ayu lakine aja medit
Nanging yen pengen rabine glowing
Ayune alami raine bening
Aja sokat nglelara langka wadon ning jaba
Bisa gawe rabine ayu mangsa wurunga
Ora perlu perawatan kulit larang
Cukup gawe rabi pikirane tenang
Langka wadon sejene
Bisa gawe rabi awet ayune
Ukuran bahagia bli cuma ning dunya
Laki sing setia harta sing berharga
Setia ning wong wadon
Bisa gawe rabine awet enom
Nanging yen laki selingkuh cinta
Bisa gawe rabine gelis tua
|
Lirik Ayam Bangkok
|
2012
|
Ayu Dermayu
|
Jalal
|
Ayam ayam bangkok
Yen wayah bengi merkokok
Duwe laki sering mojok
Lagi demenan kepergok
Ayam ayam bangkok
Yen mangan wadae batok
Pekayane gelis entok
Maen mojok ra kapok-kapok
Yen balik ning umah
Ngetok lawang kaya wong sasah
Ora ngerti jagat bengi
Wayahe wong turu lali
Dasar wong lanang kodok
Sering ngumpet ning pojok
Ora melas ning rabi
Turu dewek laka sing baturi
|
Lirik Ayange Kita
|
2024
|
Ela Nano Riyanto
|
Didit Nata Jaya
|
Wong lanang pirang-pirang
Sing ganteng ya ora kurang
Tapi cuma sampean
Sing gawe kula terlope-lope
Akeh wong lanang ngrayu
Ning kula ngomong i love you
Tapi langka sing mampu
Sing gawe kula tercandu-candu
Mung cuma ayang
Sing gawe kula kedanan
Mung cuma ayang
Sun ngrasa disayang-sayang
Akeh wong lanang sing luwih
Mung sampean sing tek pilih
Karna langka-langka
Wong ning alam dunya
Sing kaya ayange kita
Akeh wong lanang sing teka
Pada nawakaken cinta
Tapi langka-langka
Sing paling setia
Yen dudu ayange kita
Ayang.. ambung gah sepisan
|
Lirik Bacakan
|
2018
|
Emek Aryanto
|
Emek Aryanto
|
Cukup sampe ning kene
Aja suwe-suwe
Lawas hubungan
Mung lara atine
Pegel nyabaranane
Ngukur usus selawase
Ketekan batin
Percuma ngawin
Cukup sampe ning kene
Ngobral cinta lan ngrayu
Akeh wong lanang ngaku
Kaya anggo bancakan
Setampah mangan barengan
Mader jagat amba
Wong wadon masih pera
Pada pating klambruk
Arep gering arep sing bapuk
Apa pengene
Pegel nyabaranane
Ngukur usus selawase
Ketekan batin
Percuma ngawin
Cukup sampe ning kene
Ngobral cinta lan ngrayu
Akeh wong lanang ngaku
Kaya anggo bancakan
Setampah mangan barengan
Mader jagat amba
Wong wadon masih pera
Pada pating klambruk
Arep gering arep sing bapuk
Apa pengene
Cukup sampe ning kene
Aja suwe-suwe
Lawas hubungan
Mung lara atine
Pegel nyabaranane
Ngukur usus selawase
Ketekan batin
Percuma ngawin
Cukup sampe ning kene
* * *
|
Lirik Bagen Dudaan
|
2024
|
Ipang Supendi
|
Ilah Tarsilah
|
Ora perduli najan pengen dibaleni
Larane ning ati ora bisa diobati
Rayuen kayang apa
Kakang masih bli percaya
Mending dudaan urip bebas ning pikiran
Tenimbang duwe rabi digawa demenan
Masih kerasa larane
Sampe kapan kelingan bae
Cukup sepisan wis kanggo pengalaman
Bli bisa ilang ati tetep kelingan
Bonggane sapa sira sing gawe lantaran
Akhire rumah tanggane berantakan
Luruha bae sejene
Sing luwih segalane
|
Lirik Bagen Perang
|
2013
|
Susy Arzetty
|
Suka Wijaya
|
Maju wis kepalang, mundur sun rasa wirang
Tenimbang diwayu, sun rela bagen perang
Weru pager doyong, masa arep ditabrak
Yen ora inggat, bakal kakang sing rusak
Ning adepan bagus, tapi watake nyrucus
Alim-alim nylemed, otake mah ceceponan
Padahal jembete, ana saban tikungan
Kari ngalem rabi, alus kaya langka balung eri
Sejen karo kenyataan, padahal sugih slingkuhan
Semene mbaktine, laki masih kurang bae
Weru pager doyong, masa arep ditabrak
Yen ora inggat, bakal kakang sing rusak
Ning adepan bagus, tapi watake nyrucus
Alim-alim nylemed, otake mah ceceponan
Padahal jembete, ana saban tikungan
Kari ngalem rabi, alus kaya langka balung eri
Sejen karo kenyataan, padahal sugih slingkuhan
Semene mbaktine, laki masih kurang bae
Maju wis kepalang, mundur sun rasa wirang
Tenimbang diwayu, sun rela bagen perang
Weru pager doyong, masa arep ditabrak
Yen ora inggat, bakal kakang sing rusak
Ning adepan bagus, tapi watake nyrucus
|
Lirik Bagus Kedoke
|
2022
|
Pipit Mbok PTM
|
Amin Hermawan
|
Langka curiga
Karna percaya
Sering guyon bareng kanda
Sedina-dina
Ora disangka
Batur setia
Tega nyeja gawe lara
Ngimbu rahasia
Dadi wadon cadangan laki kita
Ati rasa hancur
Batin kaya lebur
Sing tek anggep batur
Nyerep ning duwur kasur
Pantes panganggone
Luwes jogedane
Sapa ning jerone
Sing nganggo kedoke
Ternyata batur parek dalange
|
Lirik Balik Subuh
|
Tono Kartono
|
Tono Kartono
|
Aduh asike yen lagi pacaran
Wayah bengi ndodok bareng guyonan
Ngomong cinta wis kanggo pasaran
Ngobral janji ngomonge arep kawinan
I love you aku cinta padamu
Kakang rindu lawas pengen ketemu
Diemek janggute dirangkul gulune
Ora kerasa wis esuk jagate
Balik subuh wayahe wong sembahyang
Balik sanja pikiran mlayang-mlayang
Mata ngantuk mlaku nyasar ning karang
Kridong sarung balik sanja kawirangan
Balik subuh wayahe wong sembahyang
Balik sanja pikiran mlayang-mlayang
Mata ngantuk mlaku nyasar ning karang
Kridong sarung balik sanja kawirangan
I love you aku cinta padamu
Kakang rindu lawas pengen ketemu
Ngomong cinta ngomong sayang terang-terangan
Balik sanja akhire tinggal kenangan
|
|
Lirik Balika
|
2024
|
Ayu Karlina
|
Didit Nata Jaya
|
Banyu mata netes bli kerasa
Yen inget sing wis lunga
Najan wonge wis langka
Cintane masih ana
Bli pegot-pegot sun dedonga
Ning setiap detike
Ning endi sampean ana
Tek tunggu kapan balike
Sun ibarat umah
Sing tanpa penghuni
Urip kula hampa
Rasane sepi
Sehelai rambute
Wis bli katon mata
Ning endi anane
Kakang balika
Sejuta lanang sing pernah singgah
Cuma sampean cinta sing terindah
|
Lirik Bandar Kecap
|
2023
|
Neng Chacha
|
Wa Pletet
|
Ari ngomong laka meleke
Sing esuk teka ning sore
Apa sih ora ngrasa
Sering dioncog ning tangga
Esuk-esuk wis rubungan
Ngobrole bari petanan
Ari ngomong kebablasan
Sampe ngrasani wong lian
Tukaran maning bli ngomong maning
Karo tanggane sampe bli wawuh maning
Akur maning barengan maning
Entas tukaran sekien ngajak ngomong maning
Dasare bandar kecap
Karo tangga batur sering hianat
|
Lirik Bandar Welut
|
2022
|
Nina Yani
|
Oyon Sabian
|
Seneng temen duh rasane
Ketiban pulung jarene
Didemeni ning wong sugih
Wonge boral welas asih
Bli sabar sun ngentenane
Ngarep kakang esuk sore
Jarene arepan teka
Niat arep nglamar kula
Rasane wis ora tahan
Pengen dadi rabine sampean
Senajan tua umure
Sing penting akeh ning duwite
Kula siap manut nurut
Ning sampean si bandar welut
Ora mandeng ning tuane
Asal aja gampang lemese
Sing penting kerep manjinge
Maih saldo ning rekeninge
|
Lirik Bandara Soekarno Hatta
|
Uun Kurniasih
|
Eddy Bhentar
|
Oh sayang... pujaaneng jiwa
Najan sampean adoh ning tanah sebrang
Kasih lan sayang ora bakal ilang
Oh kasih... pujaan ning ati
Sampe kapan kula setia ngenteni
Sumpah suci sing pernah diucap
Ora bakal lancah-lincih ingkar janji
Waktu pisahan bli sadar nangis rangkulan
Ning landasan Bandara Soekarno-Hatta
Sampean ngomong dadah
Banyu mata tumiba ora krasa
Haa...a... haa... ha...aa...
Kapan waktune balik ning tanah Jawa
Setahun lawase kula nrima surate
Tapi apa daya nerima ning kenyataan
Sing ning negri sebrang wis kawinan
Bandara Soekarno-Hatta
Cuma dadi saksi kehancuran cinta
Tanggal patbelas robiul akhir
Cinta suci ning bandara berakhir
|
|
Lirik Bantal Putih
|
2014
|
Evi Ratna Dewi
|
Durnya Hidayat
|
Tulung kang coba ngertia
Sing melasa karo kula sing katresna
Cinta kula sampe kapan bli bakal sirna
Cuma kakang si lanang pujaan
Tek pandeng fotone kakang
Banyu mata netes sampe ora kerasa
Lemes dedes yen kelingan karo si kakang
Bantal guling sing kanggo sasaran
Bantal-bantal putih dirangkul ning dada
Kepatiwasa kakang tega ning kula
Bantal-bantal putih kang sowek tengahe
Kepengen ketemu kakang kapan mareke
Kakang selawase kula ngenteni
|
Lirik Banyu Laut
|
2023
|
Nok Manol
|
Didi Waul
|
mBokat wis kudu dadi kenangan
Paite cerita cinta sing pernah tek rasa
Rasa wis nyata harta kuasa
Cinta ora berdaya yen bli duwe pekaya
Jujur soal cinta
Masih ana rasa
Tapi ora bisa dipaksa
Kaya nyangga wangwa
Sun nduweni cinta
Panas lara sing tek rasa
Banyu laut bli bakal robah rasane
Tek turuti apa pengene
|
Lirik Bapa Somad
|
2023
|
Kenzhu MH
|
Amin Hermawan
|
Bapa Somad jare duwe anak rangda
Ngenalaken kula duda sing Tukdana
mBokat kersa kepupu mantu ning dika
Kula yakin anake bapa bahagia
Aja watir kula wis dokter insinyur
nDodok muter mider dagang trasi dagang sayur
Delat maning pangkate naik direktur
Dadi tukang ndereki mobileng batur
Lamon bapa pengen duwe motor
Kula DP bapa sing setor
Enak blenak beberengan
Bapa ngangsur saban wulan
Mader mengko anake bapa sing nunggang
Kula nrima lamon pengen mobil
Kanggo nama bapa sing nyicil
STNK nama kula
BPKB nama kula
Butuh duwit ning mantu kari ngomonga
|
Lirik Bareng Emane
|
2012
|
Iwi S.
|
Warnoto
|
Wong lanang eman ning istri
Arep kerja selalu permisi
Salaman ngambunge pipi
Kasih sayang aleman sing dadi laki
Kelingan kenang emane
Kelingane kenang kasih sayange
Kula sing dadi rabine
Arep nurut ning sampean selawase
Najan kakang durung nyukupi
Kula tetep pasti ngbakti
Sampeh kapan kulane setia
Ora bakal ning wong lian sun kegoda
Kula njaluk bareng sing eman
Sampe tua emong pisahan
Rumah tangga pengene tahunan
Langgeng sampe kula ning akhire jaman
|
Lirik Bareng Lemese
|
2022
|
Evi Shandra
|
Amin Hermawan
|
Nok wong ayu aja disuwe-suwe
Kakang mopoh ora kuat boyoke
Sing sabar kang kalem bae ngunclange
Bokat murag bli kepancak gendenge
Coba senok genten manek ning duwur
Ora tahan panas kringete ngucur
Alon-alon aja katon ning batur
Dangdan gendeng bocor netes ning kasur
Kakang sampe molak-malik
Luruh sing rengat setitik
Kula melu merem melik
Ngincer sing bolonge cilik
Pegel nok munggah mudune
Sampe entok tenagane
Kula uga pada bae
Bareng kerasa lemese
|
Lirik Bareng Senenge
|
2023
|
Asep Kriwil
|
Zale RM
|
Ning ati wis janji
Bli bakal nyakiti
Ning ati wis sumpah
Bli bakal nglelara
Senok melu nandur
Kudu melu panene
Yen dadine subur
Kudu bareng senenge
Senok ding ndampingi kita
Sing awit susah
Sekien wis nemu enak
Bli bakal tek gawe blenak
Rasa cinta kakang bli bakal ganti
Sekuate ati bli bakal ngianati
Kasih sayang kakang bli bakal ilang
Sekuat tenaga kepengen gawe bahagia
Moga gusti ngupahi dalan
Banyu mata ganti karo senyuman
|
Lirik Bareng-bareng Janji
|
Aas Rolani
|
Ipang Supendi
|
Durung percaya kula ning janjine
Sebab durung ana buktine
Kurang apa sih semene sayange
Pengen apa sok ngomonga bae
Dudu emas sing dipengeni
Dudu dunya sing dijaluki
Dadi apa nok sing disenengi
Mumpung lintang wulan sing nyakseni
Apa sampeyan bener tresna
Sun pasrah jiwa lan raga
Kakang bli bakal bohongan
Yen bohong kakang sumpae edan
Yu bareng-bareng janji
Muga disakseni ning gusti kang maha suci
Sapa sing sulaya awas kudu nerima
Ning cobaane kang kuasa
|
|
Lirik Batur Penghianat
|
2022
|
Bambang Satria
|
Didit Natajaya
|
Pada akhire kita kudu ikhlas
Nerima kenyataane cinta dirampas
Batur sehati nang apa mengkonon
Sampe ati ngianati ngrebut wong wadon
Tek ikhlasaken senajan hancur
Wong sing tek demen direbut batur
Apakah kien sahabat
Dekene batur diembat
Ning arep mata katon dukung
Ning gurine kita wani nikung
Tegane batur tongkrongan
Wani ngrebut demenan
Sahabat apa penghianat
Ning adepan mata wani berbuat
Demi batur bagen mundur
Senajan ati remuk ajur
Batur sehati nang apa mengkonon
Sampe ati ngianati ngrebut wong wadon
Tek ikhlasaken senajan hancur
Wong sing tek demen direbut batur
Apakah kien sahabat
Dekene batur diembat
Ning arep mata katon dukung
Ning gurine kita wani nikung
Tegane batur tongkrongan
Wani ngrebut demenan
Sahabat apa penghianat
Ning adepan mata wani berbuat
Demi batur bagen mundur
Senajan ati remuk ajur
Pada akhire kita kudu ikhlas
Nerima kenyataane cinta dirampas
Batur sehati nang apa mengkonon
Sampe ati ngianati ngrebut wong wadon
Tek ikhlasaken senajan hancur
Wong sing tek demen direbut batur
|
Lirik Batur Seklambu
|
2018
|
Ocholl Dutt
|
Zale RM
|
Setahun setengah wis janji
Arep sabar ngenteni
Kien kakang arep balik
Sun bakal nagih janji
Kangen pujaan
Ana ning iringan
Sing lawas tek tinggal
Kerja ning perantauan
Mung bisa rindu
Bli bisa ketemu
Karna kien kula
Wis duwe kluarga
Rindu wis segunung
Kangen bli kebendung
Wong sing tek rindu
Terhalang wis due batur seklambu
Cinta teka terlambat
Ning waktu bli tepat
Ketemu sampean
Ning waktu sun wis duwe pasangan
Nangapa bli setia nunggu
Tekang tekane
Sebenere sun rela nunggu
Sampean langka kabar beritane
Mung bisa rindu
Bli bisa ketemu
Karna kien kula
Wis duwe kluarga
Rindu wis segunung
Kangen bli kebendung
Wong sing tek rindu
Terhalang wis duwe batur seklambu
Cinta teka terlambat
Ning waktu bli tepat
Ketemu sampean
Ning waktu sun wis due pasangan
Nangapa bli setia nunggu
Tekang tekane
Sebenere sun rela nunggu
Sampean langka kabar beritane
Kangen pujaan
Ana ning iringan
Sing lawas tek tinggal
Kerja ning perantauan
Mung bisa rindu
Bli bisa ketemu
Karna kien kula
Wis duwe kluarga
|
Lirik Batur Turu
|
2019
|
Sri Avista
|
Cipto
|
Sayangku.. kula butuh batur turu
Unggal bengi dewekan selalu kesepian
Pengen pisan guyon barengan
Bli kuat kula pisah lan sampean
nGal dina selalu rindu
Pengen bae ketemu
Duh wong ganteng kulane rindu
Jare pengen duwe anak cilik
Tapi sampean bli balik-balik
Pegel nganti tekane sampean
Watir sampeane bli kelingan
Watir kaya bang toyib
Telung taun bli balik-balik
|
Lirik Bayar Utange
|
2024
|
Desy Paraswati
|
Ali Gangga
|
Aja pura-pura kelalen
Pura-pura bli kelingan
Janjine cuma seminggu
Sampe kien wis tahunan
Durung dibayar utange
Aja diem-diem bae
Aja pengen utange bae
Tapi angel bayare
Durung dibayar utange
Status ning WA
Lagi poya-poya
Tapi yen ditagih
Ngomong duwite langka
Manis utange alot bayare
Dasare sira langka wirange
Gayane selangit
Bayar utang sulit
|
Lirik Benalu
|
2017
|
Ita DK
|
Emek Aryanto
|
Ning guri layar
Sampean demenyar
Janjine madu
Ternyata.. nanduri benalu
Tangis palsu
Mung kedok diri
Banyu matane dika
Bli bisa mbayar rasa lara
Kula ibarat gelas sing pecah
Bli mungkin bisa nrima cinta dika
Wis khianat cinta jaluk rujuk ampura
Ngedol banyu mata nuku rasa iba
Sekuku ireng bli percaya
|
Lirik Bendugan Karet
|
2007
|
Yusiana Dewi
|
S. Achmadi
|
Lir.
Mama Bowo
Mana mene wong tua bae
Anak sing dadi korban
Oh kang mas sampean ana ning endi
Cuma siji sing ana ning ati kang
Ning lamunan masih sok kelingan
Kelingan lagi waktu perpisahan
Ning bendungan karet rambatan kulon
Kita wong loro nangis bareng ketuwon
Nangisi nasib sing lagi dilakoni
Hubungan cinta sing ora direstui
Masalah harta sing dadi persoalan
Kita wong loro akhire pisahan
Duh mengkenen temen rasane
Wong lagi kapegot tresnane
Kaya bli ngalami dewek bae
Wis percuma urip gah langka artine
Kenangan pait masih ngganjel ning dada
Cinta pertama ora kelaksana
Cuma siji idamane ngati
Mung sayange ora dadi siji
|
Lirik Bendungan Rambatan
|
2024
|
Anis Kirana
|
Tarmo Host
|
Cinta sejati
Bli tepung dadi siji
Najan ning jero ati
Pengen saling nduweni..
Sampe hati
Wong tua bli ngrestoni
Mungkin takdir ilahi
Sing kudu tek lakoni..
Ngenes rasa ning ati
Cinta bli dadi siji..
Ngrungu sampean
Kien arep kawinan
Kula mung bisa nyawang
Dadi tamu undangan
Cuma kenangan sing dadi kenangan
Waktu wong loroan
Ning bendungan rambatan..
Ning bendungan rambatan
Sing gawe kelingan..
|
Lirik Bengi Purnama
|
2024
|
Ulfi Vanira
|
Kiki Septian
|
Lara ora bakal sirna
Terpatri ning relung jiwa
Lepas tapi ora bakal ikhlas
Nyata ning ati mbekas
Tersirat ning sinar mata
Cinta sun kerasa beda
Sunyi hampa sing lagi tek rasa
Kakang bungkam sewu bahasa
Cerita ning bengi purnama
Hancure istana cinta
Kakang ucap kata pisah
Ning kula sing banget cinta
Kejem temen sampean gawe lara
Kakang kula bli percaya
Ning endi titik dosa..
Kula sun rasa terhina
Gede mbakti katone langka
Banyu mata netes bli kerasa..
Duh lara...
|
Lirik Berag Lanang
|
2022
|
Lastri Ijem
|
Zale RM
|
Wong jatuh cinta
Yen dialem seneng
Tekang umah kekaca
Kaya bli meneng-meneng
Wong demen lanang
Urip doyan nyandang
Pengen katon ayune
Disawang demenane
Nganggo klambi kien salah
Nganggo klambi kuen aja
Akhire saking kedere
Nyelang klambi ning bature
Padahal klambi sampe kebek selemari
Nanging wayah ketemu keder
Nganggo sing endi
Padahal janjian ketemune bengi
Nanging sing awit esuk wis repot
Nyobai klambi
Sun lagi berag lanang
Seneng pisan duwe demenan
|
Lirik Biasa Bae
|
2023
|
Fion JS
|
Rosidin BM
|
Ora ganteng-gantenga
Ora bagus ning rupa
Tapi katone kula
Sampean kaya arjuna
Apa sing dadi
Mangan sampe bli ngelih
Turu bli bisa lalih
Ora sugih-sugiha
Ora mandeng ning harta
Alim kaya satria
Batin kepikat tresna
Tapi sing dadi
Gawe seneng ning ati
Kuwayang dadi siji
Bli njaluk gelang gremembyong
Kalung bandul setenong
Sarate aja bohong
Gawe isin karo wong
Bagen bli wareg nyandang
Pikiran ora nggrangsang
Sing penting kasih sayang
Ora luwih ora kurang
Tetep demene moal bakal ilang
|
Lirik Bingung
|
Udin Zaen
|
Udin Zaen
|
Bingung.. bingung.. bingung oh
Duh kaya wong pengung
Pusing.. pusing.. pusing oh
Duh kaya wong sinting
Keder milihe duh aduh pada baguse
Loroanane pada senenge
Sing siji ayu rambute andan-andanan
Sing siji manis meseme manis gawe kedanan
Bingung.. bingung.. bingung oh
Duh kaya wong pengung
Pusing.. pusing.. pusing oh
Duh kaya wong sinting
Milih sing ayu kepriben mengko sing manise
Milih sing manis kepriben mengko sing ayune
Dipikir-pikir ditimbang pada abote
Apa enake dikawin loro-loroane
Aduh bingung .. aduh bingung
|
|
Lirik Bisikan Cinta
|
2012
|
Dadang Anesa
|
Dadang Anesa
|
Dudu saking kula ngrebut cintane wong sejen
Tapi senyatane ora bisa klalen
Umpama cinta bisa dicegah
Perasaan ora beda pira
Mungkin wis terlanjur
Kula demen lakine batur
Senajan buktine batin kerasa hancur
Bisikan cinta wis nempel ning dada
Sing gawe kula ora berdaya
Kakang kula pengen kesanding
Senajan ora dikawin
Kang kula rasane priatin
Wong loro ana ikatan batin
Lamon cinta bisa diukur
Emong ganggu lakine batur
Kang kula sifate wong wadon
Gampang nangis lan gampang ketuwon
Wong demen durung kelakon
Mungkin wis terlanjur
Kula demen lakine batur
Senajan buktine batin kerasa hancur
Bisikan cinta wis nempel ning dada
Sing gawe kula ora berdaya
Kakang kula pengen kesanding
Senajan ora dikawin
Kang kula rasane priatin
Wong loro ana ikatan batin
Lamon cinta bisa diukur
Emong ganggu lakine batur
Kang kula sifate wong wadon
Gampang nangis lan gampang ketuwon
Wong demen durung kelakon
Dudu saking kula ngrebut cintane wong sejen
Tapi senyatane ora bisa klalen
Umpama cinta bisa dicegah
Perasaan ora beda pira
|
Lirik Blajar Medit
|
Yoyo Suwaryo
|
Yoyo Suwaryo
|
Nok sing percaya
Kakang kuh ning senok cinta
Tekade ngati kakang kudu dadi siji
Arep jaluk apa pasti bakal tek turuti
Aja njaluk duwit
Kakang laki blajar medit
Lamon kasih sayang
Arep njaluk pirang gudang
Sebab cinta aa awit senok masih jabang
Cuma duwe modal cinta
Harta mah kakang laka
Yen nerima sengsara syukur
Yen bli kakang sih kabur
Yen ora kakang sih kabur
Wong sugih pada ngenteni
Pada pengen dadi siji
Kakang mung bisa ndemeni
Bli mungkin bisa ndueni
Bli mungkin bisa ndueni
#Ext
Nok masa lupa nok
Aa kan gak punya duit
Punyanya kasih sayang
Nok... nok nok nok
Gratis dong yang penting kawin kan nok
Nok nok masa lupa
|
|
Lirik Bli Bisa Bareng (B3)
|
2024
|
Warudin Khampul
|
Ali Baba
|
/
Edoy Bass
Bli mungkin bakal terjadi
Cintane.. bli bakal suci..
Arep ngomong apa..
Kita kudu apa
Demen bli bisa nduweni
Mung cuma bisa mandengi
Bli dipungkiri..
Kita demeni
Bli mungkin dadi siji..
Senoke wis duwe laki
Awal cuma guyonan
Sampe pandeng-pandengan
Nangapa sekien timbule demen
Ati rasa deg-degan
Rasa ora karuan
Akhire jatuh cinta
Sayang seribu sayang
Demen ndeke wong liyan
Cintane ora bakal bisa barengan
Kakang wis duwe rabi
Senok wis duwe laki
Cintane bli bakal suci
Kita gah mawas diri
Senok wis duwe laki
Bli bakal dadi siji
Cuma mendem ning ati
|
Lirik Bli Duwe Ati
|
2024
|
Yoshica
|
Fadhil HB
|
Kepaksa kula lunga ninggalaken
Bli tahan ning sifat kasar sampean
Lamon lagi sengit dudu cuma nyiwit
Kula digebugi kaya wis bli duwe ati
Keduhung bengen sun gelem dikawin
Nyatane mung gawe kesiksa batin
Yen sing dipengeni ora diladeni
Mata mendelik sewote bli mari-mari
Njaluk ampun kula karo sampean
Sun bli kuat sun njaluk dipegat
Masih mending kula urip dewekan
Langka beban bli akeh pikiran
Sekien kula balik ning wong tua
Wis ora sanggup nyangga derita
|
Lirik Bli Gawe Kantong Jero
|
2024
|
Emek Aryanto
|
Emek Aryanto
|
Arep mbangun aja pusing-pusing
Yen pengen luruh matrial regane miring
Teka bae ning desa Sumuradem
Blok Janaka RT siji RW siji
Toko bangunan Nani Asep
Minangkane sing bisa dadi solusi
Rega murah bli gawe kantong jero
Ngemet barang bisa bayar tempo
Dudu kanggo bandingan
Dudu kanggo saingan
Memang kenyataan
Regane meduluran
Toko bangunan Nani Asep
Bakal siap nglayani
Pokoke dijamin beres
Arep tempo arep cash
|
Lirik Bli Kurang Kurang
|
2020
|
Asep Suwaryo
|
Asep Suwaryo
|
Eh cukup reang sing dadi contone
Aja lok lara ning wong wadon
Ampun bli maning-maning
Najan wong wadon pirang-pirang
Najan wong ayu ora kurang
Duwe rabi eman lan sayang
Senajan akeh wis ora kurang
Cinta bli mandeng ning rupa
Cinta bli ngukur ning harta
Kasih sayang bli kurang-kurang
Cinta kasih eman ning rabi
Senajana akeh godaan
Tetep cinta ning keturunan
Rasa cinta ning keluarga
Tanggung jawab sepenuh jiwa
Bli mungkin arep nyakiti
Bli mungkin arep nambah rabi
Rumah tangga pengen bahagia
|
Lirik Bli Madep
|
2021
|
Fahmi Zein
|
Sonjaya Dwiva
|
Yang sayang bengen disayang-sayang
Lagi waktu penganten anyaran
Mendi bae selalu barengan
Bahagia urip loroan
Tapi kien sira katone sejen
Apa karna ketemu mantan bengen
Sisa cinta masi ning dada
Ditutupi alim menenge sira
Yang sayang
Setentlang malang wis mentang
Setindak tanduk bli kepetuk
Lamon sira bener cinta
Nangapa ninggal lunga
Cinta sekien wis asrep
Najan bertahan angger bli sedep
Kien bli bakal ngarep-ngarep
Karna sira wis bli madep
Senajan kita bli bisa baca perasaan
Tapi kerasa yen wis ana sing buka pedaringan
|
Lirik Bli Mungkin
|
2023
|
Yanika
|
Agam Anshory
|
Apa sih mengkenen
Wong lagi kedanan
Blenak turu lan blenak mangan
Kebayang-bayang sampean
Sun demen sampe bleg-blegan
Najan pada demene
Bli mungkin kelakon
Sebab kakang wis duwe wong wadon
Kehalang resmine hubungan
Bli mungkin dadi kenyataan
Kisah cinta kita wong loro
Bli mungkin bisa ana jodo
Najan ati pada demene
Suratan wis dadi takdire
Ora bisa nduweni
Sampean wis duwe rabi
|
Lirik Bli Sida Kawin
|
2020
|
Udin Lebe
|
A. Diding
|
Bli sida kawin maning
Wong wadon direbut demenan bengen
Wong wadon sing tek sayangi
Ninggalakaen tanpa alesan pasti
Bli sida kawin maning
Terus terang kedaden kaya sing dingin
Wong wadon sing tek senengi
Ingkar jangji ora bakal dadi siji
Wirang kepalang wirang
Pusing kepalang pusing
Tanggung kepalang tanggung
Kula dadi bingung
Undangan wis dicetak
Penghulu wis dikontrak
Acara dadine rusak
Acara dadine blangsak
Wongtua mawak-mawak
Duh senok cinta kula dirusak
Bli sida kawin maning
Terus terang kedaden kaya sing dingin
Wong wadon sing tek senengi
Ingkar jangji ora bakal dadi siji
Wirang kepalang wirang
Pusing kepalang pusing
Tanggung kepalang tanggung
Kula dadi bingung
Undangan wis dicetak
Penghulu wis dikontrak
Acara dadine rusak
Acara dadine blangsak
Wongtua mawak-mawak
Duh senok cinta kula dirusak
Bli sida kawin maning
Wong wadon direbut demenan bengen
Wong wadon sing tek sayangi
Ninggalakaen tanpa alesan pasti
|
Lirik Blunat
|
2023
|
Dian Anic
|
Mamin Kedung
|
Banyu bening diiling gelase beling
Kakang tinggalen dingin
Kelakuan kaya sing dingin
Mari maen mabok wadon
Ganti maning lakon
Uwis kang mariana
Sampean coba elinga
Mari mabok wadone
Jalan inumane
Kapan tobate
Kakang blunat wis ketutugan
Wayae ibadah nganggo kupluk sarungan
Untung bae kula rabine
Senajan lakine ugal-ugalan bae
Arep tek tutugena sabare kula
|
Lirik Bocah Ayu
|
Udin Zaen
|
Udin Zaen
|
Sapa sih aduh arane
Motore bebek numpake
Sering liwat saban sore
Klambine abang clanane ireng
Pantes disawang jare sing seneng
Bocah ayu manis yen gemuyu
Bocah ayu pantes yen lumaku
Lamon weruh umahe
Lamon weruh arane
Pasti sun mbakal dolan
Pengen kenalan gadis idaman
Sing saban sore liwat ning dalan
Bocah ayu manis yen gemuyu
Bocah ayu pantes yen lumaku
Kuwayang duh kuwayang
Yen sampe ora kecangcang
Mlayang pikir mlayang
Urip rasane bli tenang
Percuma urip percuma
Yen ora tunggal segenah
Disumpah wani disumpah
Yen tresna isun sulaya
Oh gadis tambatan jiwa
Oh kaya ganjel ning mata
|
|
Lirik Bokong Mentul
|
2023
|
Kang A'im
|
Amin Hermawan
|
Larane sing endas mulese meng brutu
Tiwas ati nggagas kegembang wong ayu
Senenge wis nemu gawe ati kaku
Sebabe rangda anake telu
Demen ning mboke mongmong ning anake
Bli cukup seliter adang segane
Durung lawuhane ditambah blanjane
Gedene bokong gede empane
Eh.. pring setetek gunung kidul
Laras tembang kates gandul
Ora kiyeng macul apamaning mikul
Kenang bokong mentul
Eh.. nembe nyawang beyekane
Kedelenge amba lan gede
Kuwayang jerone ning petarangane
Amba kasure
Rasa penasaran ati kedanan
Tapi rasa abot kakehen beban
|
Lirik Boled Cilembu
|
2014
|
Susy Arzetty
|
Wadi Oon
|
Nginung banyu ora kolu
Ning sega ora kolu
Yen wis lagi kelingan
Angel ditahan-tahan
Kangene bli kejagan
Demene cukup ning ati
Ora mungkin nduweni
Pengen mareki kakang
Watir bokat cakaran
Rabine galak pisan
Mangan boled-boled cilembu
Demen lengket kawine bli puguh
Lamon kakang wedi rabine
Ning kulane aja nggoda bae
|
Lirik Bonteng Pindangan
|
2013
|
Susy Arzetty
|
Suka Wijaya
|
Apa kakang ora sayang,
Apa kakang ora melang
Ninggalaken si badan
Glantang-gluntung dewekan
Semene senok ayune
Semene senok gemblenge
Ibarat buah-buahan
Kaya bonteng pindangan
Masa selawase arep demenan bae
Kakang kapan ngawine
Ana sing demen kula
Sampean panas bara
Wis aja cemburu aja ilok nafsu
Aja panas pikiran
Lamon kakang cuma arep kanggo dolanan
Ganteng rawat ana gantenge,
Lamon kakang larang regane,
Sun ora kuat nukune
Semene senok ayune
Semene senok gemblenge
Ibarat buah-buahan
Kaya bonteng pindangan
Masa selawase arep demenan bae
Kakang kapan ngawine
Ana sing demen kula
Sampean panas bara
Wis aja cemburu aja ilok nafsu
Aja panas pikiran
Lamon kakang cuma arep kanggo dolanan
Ganteng rawat ana gantenge
Lamon kakang larang regane
Sun ora kuat nukune
Apa kakang ora sayang
Apa kakang ora melang
Ninggalaken si badan
Glantang-gluntung dewekan
Semene senok ayune
Semene senok gemblenge
Ibarat buah-buahan
Kaya bonteng pindangan
|
Lirik Borean Medok
|
2016
|
Cipt. Wadi Oon
|
Semene kula gemblenge
Semene kula demplone
Bengi dangdan diwani-wani
Angger bae kakang moyoki
Borean dimedok-medok
Supaya katone montok
Pengen laki betah ning umah
Angger bae nylodor ning tangga
Dasar lanang si uler kilan
Rabi ayu gah masih kurang
Bawarasa kula ngebakti
Sampeane ora perduli
Duh lara setengah mati
|
|
Lirik Bos Mebel
|
2024
|
Siti Sugiarti
|
Punuk Dijaya
|
Seklebat katon ning mata
Kekasih sing kula cinta
Bos mebel wonge bagus ning rupa
Akeh wadon pada kegoda
Pantes pisan dadi rebutan
Wonge ganteng eman lan sopan
Bos mebel kula rasa kedanan
Bli sabar pengen gage kawinan
Bos mebel sing jatimulya
Kula demen kulane cinta
Lamon bos mebel demen
Tulung gage lamaren
Ngomonga ning wong tua
Pasti bakal ketrima
Bli sabar pengen bareng segenah
|
Lirik Bos Tempuran
|
2022
|
Dinda Puspitasari
|
Jojo SM
|
Enak jare sing nyawang
Duwe laki bos tempuran
Duwite eketan atusan
Bli kari tas ning beyekan
Saban dinane nggulati jagat panenan
Awas ati-ati mbokat dibohongi
Wong lanang metu sing umah
Alesan pengen mekaya
Kudu curiga..
mBokat kegoda ning rangda
Pasar Terisi pinggir jembatan
Ngetan ngalor meng remang-remang
Laki mabok pelayan wedang
Joged bareng rerangkulan
Wong lanang karepe dewek
Benere mung jare dewek
Takon bati katon wis entek
Padahal duwit sekempek
Dasare wong lanang pelit
Pikiran wis morat-marit
Pelem cengkir manjing ning kresek
Lara pikir laki mabok ning rangda molek
|
Lirik Bronda (Brondong Duda)
|
2022
|
Lysna Tyano
|
Nia AG
|
Dulu pernah ku terluka
Dulu pernah ku merana
Karena sebuah janji palsu
Dari lelaki masa lalu
Tapi kini kau tak lagi
Merasa sepi dan sendiri
Karena cinta yang baru datang
Dengan dia bronda tampan
Terkadang jatuh cinta
Dengan dia si bronda
Brondong duda
Yang sudah beranak dua
Tampannya mempesona
Manis senyum wajahnya
Sifatnya ramah tamah
Membuat hatiku tergila-gila
Dengan si bronda..
Brondong yang sudah duda
|
Lirik Brondong Edan
|
2014
|
Dewi Kirana
|
H. Ukat
|
Abang ganteng sifate kaya buaya
Duwe rabi ngakune masih perjaka
Kenal kartem masih nglirik darsem
Kenal ida masih karo tamriah
Tua enom ora dadi masalah
Sing penting puas atine
Brondong edan brondong kebangetan
Senenge gonta-ganti bae wadonan
Wis wareg kanggo dolanan
Ninggalaken
Brondong edan brondong kegatelan
Kelakuane kaya jablay lanang
Awan bengi luruh sasaran
Ning dalanan
Akeh sing pada kecewa
Ketipu brondong edan
Aja mentang-mentang ganteng
Akeh wadon dadi korban
|
Lirik Buaya Dadi Menusa
|
2022
|
Vina CR
|
Nia AG
|
Bengen kula nglawan wong tua
Kenang bujuk rayu asmara
Bli tek sangka ora tek duga
Sekien kula dadi rangda
Ana pribahasane
Kembang jambe duwur pangkon
Kakang manis ning lambe
Mung pengen kelakon
Tega-tegane ning kula
ngDedolan sumpah lan rumah tangga
Korban rayuan cinta
Ning buaya sing dadi menusa
Urip kaya wis hancur
Keceluk rangda masih mambu kencur
|
Lirik Buaya Gincuan
|
2024
|
Mae Nova
|
Hj. Yati
|
Mata ketemu mata
Pipi ketemu pipi
Yen lagi jatuh cinta
Kelalen wis duwe rabi
Bebejane pan dolan
Alesane kerjaan
Bli weruha ketemuan
Karo baya gincuan
Karo wadon gampangan
Bli kari hape
Headset ning kuping bae
Pinter ngrayune
Abong bli weruh rabine
Dasare wong lanang
Wis bli duwe perasaan
Rabi kerja kengelan
Lanange malah selingkuhan
Karo baya gincuan
Mata ketemu mata
Pipi ketemu pipi
Yen lagi jatuh cinta
Kelalen wis duwe rabi
Bebejane pan dolan
Alesane kerjaan
Bli weruha ketemuan
Karo baya gincuan
Karo wadon gampangan
Bli kari hape
Headset ning kuping bae
Pinter ngrayune
Abong bli weruh rabine
Dasare wong lanang
Wis bli duwe perasaan
Rabi kerja kengelan
Lanange malah selingkuhan
Karo baya gincuan
Mata ketemu mata
Pipi ketemu pipi
Yen lagi jatuh cinta
Kelalen wis duwe rabi
Bebejane pan dolan
Alesane kerjaan
Bli weruha ketemuan
Karo baya gincuan
Karo wadon gampangan
|
End of preview. Expand
in Data Studio
No dataset card yet
- Downloads last month
- 9